Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 6 Singkat & Jelas

1 day ago 19

tirto.id - Pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 6 singkat dan jelas bisa disampaikan dalam acara perpisahan. Biasanya dalam rangkaian acara perpisahan memang ada sesi pidato yang disampaikan oleh perwakilan kelas 6, perwakilan wali murid, dan kepala sekolah.

Penyampaian pidato dalam bahasa daerah menjadi salah satu cara untuk melestarikan bahasa daerah. Selain itu, pidato dalam bahasa daerah juga dapat menghadirkan kedekatan emosional karena menggunakan bahasa yang sama-sama hanya dipahami oleh masyarakat setempat.

Tak heran jika pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 6 bisa menjadi sebuah cara unik dan menarik untuk membuat acara perpisahan lebih berkesan. Referensi pidato bahasa Jawa tentang perpisahan diperlukan untuk menyusun pidato bahasa Jawa.

Kumpulan Contoh Pidato Pendek Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa

Perpisahan Sekolah SDProsesi sungkeman dengan orang tua dan wali murid pada acara perpisahan murid kelas enam SDN Ajung.(Antaranews/Roly Supriadi)

Kumpulan contoh pidato pendek perpisahan kelas 6 bahasa Jawa bisa dijadikan sumber referensi. Siswa atau guru bisa menggunakan kumpulan contoh pidato pendek perpisahan kelas 6 untuk disampaikan dalam acara perpisahan.

Pidato bahasa Jawa tentang perpisahan singkat bisa disampaikan oleh perwakilan siswa. Inilah kumpulan contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan sekolah kelas 6:

1. Matur Nuwun Guru lan Rencang-rencang

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng enjing, salam rahayu kangge kita sedaya.

Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru kinasih, para karyawan sekolah, saha kanca-kanca kelas 6 ingkang kula tresnani.

Wonten dina punika, kula ngaturaken matur nuwun sanget kagem sedaya kang sampun diparingaken. Kita sampun bebarengan, sinau, dolanan, lan sesrawungan.

Sakniki sampun enem taun kita bebarengan. Mboten keraos, sakniki wekdalipun pisahan kalih rencang-rencang.

Sanajan kita mboten sinau bebarengan malih wonten mriki, kula ngaturaken semangat kagem rencang-rencang. Sinau mboten enten rampunge. Mugi rencang-rencang pinaringan sehat, semangat nuntut ilmu, lan diparingi kelancaran.

Ati kita tetep nyawiji. Kita tetep saget silaturahmi. Matur nuwun dhumateng Bapak lan Ibu Guru. Panjengenan sampun dados cahya kang nuntun urip kula lan kanca-kanca.

Kula mewakili rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten marang Bapak lan Ibu Guru. Mugi Allah Swt. tansah paring berkah kagem panjenengan sedaya.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Maturnuwun.

2. Katah Kenangan, Wektu Pisahan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, saha sedaya rencang-rencang kelas 6.

Dinten niki sanes dinten biasa. Dinten niki, kita siswa kelas 6 badhe pamit saking sekolah menika. Kenangan enem taun kepungkur, lelampahan sinau bebarengan, kabeh bakal tetep ana ing ati.

Para guru lan kula kinormati, panjengengan sampun dados tiyang sepuh ingkang mimbing kita enem taun kepungkur menika. Kula mewakili rencang-rencang ngaturaken matur nuwun sanget kagem Bapak lan Ibu Guru.

Wonten kesempatan menika kula mewakili rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten sanget mewani wonten kalepatan. Kagem rencang-rencang, matur nuwun sanget sampun sinau bebarengan, dolanan bebarengan.

Mugi silaturahmi kita saget kejagi. Matur nuwun sanget, rencang-rencang.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

3. Perpisahan Nanging Ora Pisahan

Ilustrasi Pidato

Ilustrasi Pidato. FOTO/iStockphoto

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Kagem para guru, adik kelas, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Kula Rahmat Andi minangka wakil rencang-rencang kelas 6, keparengan matur ing ngarsa panjenengan sedaya, awit sekedhap malih badhe nilaraken pawiyatan SDN 10 Surakarta menika saperlu nglajengaken wonten SMP.

Sakniki wayahe kula lan kanca-kanca kelas 6 pamit. Nanging, perpisahan niki sanes pungkasan.

Niki mung transisi. Matur nuwun sanget dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sabar lan telaten.

Kula ugi matur nuwun dhumateng kanca-kanca ingkang sampun sesarengan enem taun niki. Kabeh kenangan bakal tetep ana ing ati.

Mugi kita kabeh tansah pinaringan sukses ing dalan saben-saben.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

4. Kesan Sinau lan Pamitan Sederhana

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng enjing Bapak/ Ibu Guru lan rencang-rencang. Kula ngaturaken salam pangabekti dhumateng Bapak/Ibu Guru lan para warga sekolah.

Dinten menika, kula ngaturaken pamitan mewakili rencang-rencang kelas 6. Sampun katah sangat ilu lan pengalaman ingkang kita gadahi saking sekolah menika.

Kenangan enem taun bakalan dados kenangan ingkang bermakna kagem kita. Matur nuwun sangat dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun mbimbing kita.

Bapak/Ibu guru, kita sampun ngangsu kawruh ing sekolahan menika. Kula lan rencang-rencang tansah nyuwun pangestu supados saged nglajengaken pasinaon ing pawiyatan ingkang luwih Inggil.

Salajengipun, panyuwun kula dhumateng adhi-adhi kelas, mugi saged langkung sregep anggenipun sinau lan tansah sarwa becik ing tatakrama.

Kula ugi ngaturaken matur nuwun kagem rencang-rencang ingkan sampun mlampah sesarengan. Semoga sekolah iki tambah maju lan adik-adik saget nerusaken jejak apik.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

5. Aja Lali Sekolahmu

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Para guru ingkang kinurmatan, rencang-rencang lan adik-adik ingkang kula tresnani.

Dinten menika, kula lan kanca-kanca kelas 6 nyuwun pamit. Sekolah iki mboten mung panggonan sinau, nanging omah nomer kalih kagem ati kula lan rencang-rencang loro.

Katah sanget kenangan ingkang kita gadahi wonten sekolah menika. Kula ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng para guru.

Tanpa panjenengan, mboten saget kula tekan panggonan menika. Kagem rencang-rencang, kula ugi ngaturaken matur nuwun sanget sampun mlampah sesarengan.

Nyuwun pangapunten ingkang katah kagem sedaya keluputan. Aja lali sekolahmu, panggonan kang nggedhekake awakmu.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

6. Perpisahan Penuh Harapan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak/Ibu Guru, adik kelas, lan kanca-kanca.

Kula Mahmud Fauzan, pinaringan amanah minanga wakil saking rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak katah kagem Bapak/Ibu guru ingkang sampun maringi pitedah lan ilmu dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing manah.

Dinten menika, kula ngaturaken pamit. Perpisahan menika maringaken harapan kagem kita sedaya.

Mugi sedaya rencang kelas 6 saget nerusaken sekolah kanthi lancar. Kula ngaturaken matur nuwun dhumateng rencang-rencang. Kula ugi ngaturaken nyuwun pangapunten dhumateng Bapak lan Ibu Guru.

Mugi Bapak lan Ibu Guru senantiasa diparingi kekuatan lan kelancaran. Mugi Gusti Allah Swt. nglantaraken sukses kita kabeh.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 6 dapat disampaikan oleh perwakilan siswa, kepala sekolah, atau perwakilan wali murid. Menyampaikan pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 6 pendek dapat memberi kesan positif dan bermakna dalam nuansa haru perpisahan sekolah.


tirto.id - Edusains

Kontributor: Nurul Azizah
Penulis: Nurul Azizah
Editor: Nurul Azizah & Yulaika Ramadhani

Read Entire Article
Berita Rakyat | Tirto News |